Materi Bahasa Jawa Kelas 5 SD Semester 2

1. Kerata Basa
Kerata basa; Kerata basa yaiku negesi tembung saka wandane( mengartikan kata dilihat dari suku katanya).
Contone

    Gelas; yen tugel ara bisa dilas.
    Piring = sepine yen miring.
    Tebu = antebing kalbu.
    Cengkir = kencenging pikir.
    Gedhang = digeged bubar (lebar) madhang.
    Guru; digugu lan ditiru.
    Tandur; ditata kanti mundhur
    Wanita; wani ing tata.

2. Jenising Layang 

    a. Jenising layang;
  • Layang biwara (surat kabar, surat laporan)
  • Layang iber-iber (surat kiriman)
  • Layang dhawuh (surat perintah)
  • Layang lelayu (surat kematian)
  • Layang kitir (surat singkat / cekak aos)
  • Layang ulem (surat undangan)

  b. Perangane layang

  • Adangiyah /adawiyah / salam taklim
  • Papan lan titi mangsa
  • Salam pambuka
  • Pambuka layang
  • Surasa layang
  • Panutup layang
  • Peprenah
  • Tapak asma
  • Asma cetha

    Conto panutup layang/wasana basa;

    Wasana cekap semanten menawi wonten kelepatan atur kuala nyuwun pangapunten.
    Cukup semene dhisik layangku, aku nunggu layang balesanmu. Matur nuwun.


3. Macapat


    Macapat; artine maca papat-papat. Macapat ana 11:

  1. Mijil: tresna marang pepadha, prihatin, pituthur
  2. Kinanthi: seneng, tresna
  3. Sinom: ethes
  4. Asmaradana: susah, seneng
  5. Dhandhanggula: luwes
  6. Gambuh: sumanak, sumadulur
  7. Maskumambang: nelangsa
  8. Durma: nesu, mangkel
  9. Pangkur: kereng, nepsu
  10. Megatruh: susah, prihatin, getun
  11. Pocung: gregetan, kendho
   Guru Gatra, Guru Wilangan lan Guru lagu tembang-tembang macapat
  1. Maskumambang : 12i, 6a, 8i, 8a
  2. Pucung: 12u, 6a, 8i, 12a.
  3. Gambuh: 7u, 10u, 12i, 8u, 8o
  4. Megatruh: 12u, 8i, 8u, 8i, 8o
  5. Mijil: 10i, 6o, 10e, 10i, 6i, 6u
  6. Kinanthi: 8u, 8i, 8a, 8i
  7. Durma: 12a, 7i, 6a, 7a, 8i, 5a, 7i.
  8. Pangkur: 8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i
  9. Asmaradana: 8i, 8a, 8e, 8a, 7a,8u, 8a
  10. Sinom: 8a, 8i,8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12a
  11. Dhandanggula: 10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i, 7a
4. Paribasan

    Paribasan utawa peribahasa bahasa jawa:
  • Anak molah bapa kepradhah = wong tuwa melu repot amarga tumindake anake
  • Polahe anteng kitiran; bocah akeh polahe.
  • Becik ketitik ala ketara = sing becik bakal tinemu, sing ala bakale ketara
  • Bathok bolu isi madu = dianggep wong lumrah nanging sugih kepinteran
  • Sadumuk bathuk sanyari bumi = pasulayan dilabuhi toh pati
  • Kejugrukan gunung madu = nemu kanugrahan.

5. Arane Turunan, Arane Anak Wong

  • Kendahana-kendhani : anak 2 lanang, wadon
  • Kendhini, kendhaha : anak 2 wadon, lanang
  • Ontang-anting : anak 1 lanang
  • Unting-unting : anak 1 wadon
  • Uger-uger lawang : anak 2 lanang
  • Kembang sepasang : anak 2 wadon
  • Cukil dulit : anak 3 lanang
  • Gotong mayit : anak 3 wadon
  • Saramba : anak 4 lanang
  • Sarampi : anak 4 wadon
  • Pandhawa : anak 5 lanang
  • Pancagati : anak 5 wadon
6. Ngudal ukara

    Comil                     adus                      kali

    Jejer                      wasesa                 lesan

    Wily                       linggih                   jejer      bolong.

    Jejer                      wasesa                 lesan

7. Artine tembung 
  • Dhuwur kenchur; cendhek banget.
  • Nglemah bengkah; nela-nela/nyela-nyela.
  • Gemi, nestiti lan ngati-ati.
  • Welas asih.
---
Sumber: damaruta.blogspot.com dari Edi Purnomo
Powered by Blogger.